Minggu, 14 September 2008

istilah jegagik

Wong Jawa iku sugih istilah, salah sijine yaiku "Jegagik" tegese kahanane manungso utawa sato kewan sing kaget amargo karana dumadakan ketemu barang utawa manungso liyane sing ora kepikir sadurunge, bisa asipat medeni utawa ora disenengi. Jegagik iku wong wadon, jeneng salah sijining biyung, tegese yen dianggo ana ing kalimat mesthi ngarepe ditambahi "mak" dadi "Mak Jegagik" ora "Pak Jegagik" Contone : Rikala aku lan konco-kancaku mbolos sekolah, anggone mlaku mindhik-mindhik metu saka plataran sekolah supaya ora konangan guru. Ngerti-ngerti pas ana ngarep lawang kantor sekolah, Pak Guru sing dikenal galak njedhul metu saka kantor sekolah, mak jegagik aku lan konco-konco pada kaget banjur mlayu njranthal sipat kuping. Mak "Jegagik" duwe sedulur okeh, kayata "Mak Nyus"; "Mak Tratap" lan liya-liyane.

Tidak ada komentar: