Senin, 15 September 2008

Ngunjuk Temulawak, Kepenak Nang Awak

Temulawak kang ngandhut kurnium dhuweni pitung manfaat yaiku :

- mbecikake nafsu mangan;

- mbecikake fungsi pencernaan;

- ngupakara kasarasan fungsi ati;

- ngurangi rasa nyeri sendhi lan balung;

- ngudunake gajih panggonan getih (kolesterol);

- minangka antioksidan kanggo ngupakara kasarasan, lan

- mbiantu ngrerendheti anane penggumpalan darah.

Ing kene arep dakaturake sawatara resep kang migunakake bahan temulawak kasebut:

Kanggo ngundhakake nafsu mangan

Sasendhok teh simplisia temulawak garing disedhu banyu umob sacangkir, banjur disaring sawise dikendelake watara 10 menit. Bahan iku bisa dipundhut ana bakul bahan-bahan jamu ing pasar tradisional. Menawa migunakake bahan kang awujud bubukan, 0,50 – 1 gram bubuk temulawak disedhu banyu umob sacangkir, dikendelake watara 5 – 10 menit banjur diudak nuli diunjuk. Sedina ngunjuk kaping telu, saben saunjukan sacangkir.

Kanggo mbenakake fungsi pencernakan

Panjenengan bisa migunakake simplisia garing 2 gram utawa temulawak seger 8 gram. Banjur disedu utawa digodhog. Becike diunujuk sadurunge dhahar.

Kanggo njaga kasarasaning ati (Liver)

Serbu temulawak 5 gram disedu banyu umob, dikendelake watara 5 – 10 menit banjur disaring. Diunjuk sedina kaping telu kanthi cara kasebut.

Uga bisa mundhut 25 gram temulawak kang wis dikumbah resik, banjur dipanggang ing sandhuwure mawa geni. Nuli diparut, diperes banyune ngagem sagelas banyu mateng. Banyu peresan kasebut diunjuk kaping pindho sedina esuk lan sore.

Kanggo ngurangi rasa nyeri sendhi lan balung

Panjenengan kang asring ngalami nyeri radang sendi bisa nyoba ngunjuk temulawak iki carane 60 gram temulawak seger dipanggang nuli diparut, diperes ngagem 2 gelas banyu mateng banjur disaring. Diunjuk kaping pindho esuk lan sore.

Kanggo ngudunake lemak darah utawa kolesterol

Carane: 25 – 50 gram simplisia garing digodhog nganggo 200 ml banyu saengga bias oleh 100 ml banyu godhogan. Banjur disaring lan diunjuk kaping pindho esuk lan sore.

Kanthi ngunjuk temulawak, panjenengan uga nampi kasiat liyane yaiku zat antioksidan kanggo njaga kasarasan saka radikal bebas. Kurkumin uga mbiyantu ngrerendheti pembentukan tromosan B2, yaiku zat kang duweni peran sajrone proses penggumpalan darah.

(Sumber:Lukyanstiri D/DL 06 Taun XXXVII)

Tidak ada komentar: