Minggu, 08 Maret 2009

PERMADI NGANGSU KAWRUH


SERI PADMANABA NITIS (4)


(Dening MULYANTARA)

Wus sacandra (sesasi) lawase Raden Permadi ngangsu kawruh ing Pertapan Untarayana, ing pucuke Gunung Dwarawati. Tancep katresnane Sang Begawan Padmanaba marang Raden Permadi, tan prabeda kaya atmajane dhewe. Anggung ginila-gila, digadhang-gadhang murih ing tembe dadi satriya kang migunani tumraping nusa lan bangsa. Pinten-pinten wewangson. Wejangan sngkan paraning dumadi, panjing suruping sukma sadaya wus kaparingake.

“Anakku murid, Ngger Permadi.”
“Nuwun wonten pangandhika ingkang adhawuh, Rama panembahan.”

“Wus sacandra lawase kowe mapan ana ing pucuke Gunung Dwarawati. Rumangsaku kurang papan, turah ingkang takparingake kang awujud kawruh sarta ngelmu ing babagan apa bae. Nanging nitik saka polatanmu sarta solahbawamu, pun rama bisa anyumurubi lamun kowe rumangsa during marem. Apa maneh kang bakal mbokjaluk, Ngger?”

“Inggih, kaluhuran sabdanipun Kanjeng Rama Panembahan. Awit saking kathahing kawruh sarta ngelmu ingkang paduka paringaken dhumateng kawula, ngantos boten kuwawi anggen kula nampeni. Nanging taksih wonten satunggaling bab ingkang badhe kula suwunaken priksa. Samangsa kula ing benjang kasembadan tuwin kalampahan dados satriyaning nagari, kedah rumeksa katentremaning jagad, dedamel menapa ingkang kedah kula angge bebeteng ing sarira tetameng ing diri nkula?”

“Iki ana aji telung prakara kang bakal dakparingake marang kowe. Siji Aji Sepiangin, loro Aji Malayabumi, telu Aji Sempaliputri. Dayane Aji Sepiangin yen wus kokwateg, kebating lakumu tan prabeda kaya kebating angina. Lakumu bisa ngungkuli lakuning barat. Senadyan katempuh angina gedhe, kowe ora bakal bisa dhoyong. Ora bisa mentelung. Agegmu tetep jejeg.”
“Inggih”

“Kang angka loro, dayaning Aji Malayabumi yen wus mbokwateg, kowe bisa ilang sapalungguhan. Kaping telu, dayaning Aji Sempaliputri, kowe bisa manjing ajur ajer. Tumraping petung, kaya wus cukup lamun aji telu mau rumasuk ing sanubari. Mungguh mantrame mankene. Kowe nyaketa pun rama, takwisik mantrame aji telu mau.”

Raden Permadi nyaket ing ngarsane Begawan Padmanaba, banjur diwisik mantrame aji Sepiangin, Aji Malayabumi lan Aji Sempaliputri.

Sapurnane iku, Raden Permadi matur, “Byar padha raosing manah kula sareng nampi kanugrahan peparing paduka ingkang wujud aji tetiga. Mbokmenawi kanthi menika, sampun saged dados sarana anggen kula ngadeg jejeg mandhegani praja.”

“Ya, mung welingku, senadyan kowe sugih ngelmu, aja pisan-pisan kowe gumedhe. Luwih becik nirua patrape wit pari. Pari kae saya mentes isine saya ndhingkluk. Senadyan kowe pinter, aja kokketokake kepinteranmu. Senadyan kowe digdaya, aja kokpamerake kadigdayanmu.”
“Inggih”.

“Sabanjure, ing tembe kowe bakal dadi satriyaning praja. Kowe bakal ngadhepi wong pirang-pirang. Wong pirang-pirang mau ana sing bodho, ana sing pinter, ana sing sugih, nanging uga ana sing miskin. Kowe ngadhepi pepadhaning urip ora kena pilih-pilih. Aja mung satriya drajading ngaluhur, trahing ngawirya, trahing kusuma rembesing madu pinasthika kang kokcedhaki. Ana paribasan kadang konang, kang kokanggep sedulur mung wong sing moncer-moncer, wong sing sugih-sugih. Iku ora prayoga. Minangka jejering satriya panutan, kowe kudu sumrambah, kudu asih tresna marang sapadha-padhaning dumadi lan ora pilih-pilih. Awit yen kowe bisa ndarbeni watak asih tresna, sayekti bakal ditresnani dening wong saindhenging jagad.”
“Inggih”

“Kang pungkasan, kowe dumadi ana ing madyapada iki ana kang nitahake, yaiku Gusti Kang Akarya Jagad. Mula kowe kudu percaya marang panguwasane Gusti Kang Akarya Jagad. Lamun kowe percaya marang panguwasane Gusti Kang Akarya Jagad, sayekti kadunungan rasa welas asih marang sapadha-padhaning dumadi, lan wedi tumindak dosa, amarga kuwatir yen nampa bebenduning Gusti. Yen titah lumrah bisa diapusi, nanging yen Gusti Kang Akarya Jagad kang sipat wicaksana, iku ora bakal bisa digorohi.”
“Inggih”

“Dina iki wis ora ana sing takparingake maneh. Kaya taktundung, ngelmu sing wis kokduweni, prayoga pigunakna kanggo tetulung sapadha-padha. Sapungkurmu saka Pertapan Untarayana, sadungkapan maneh kowe bakal ketemu calon jodhomu ingkang bakal kokkanthi bebrayan nganti besuk run-tumurun.”

“Menapa ing dinten punika sampun kalilan kula madal pasilan, nyuwun pamit?”
“Iya, Ngger. Takbalang puja mantra, hayu-hayu lakumu ing dedalan, nir ing sambekala.“ Sawise sumungkem ing pepadane Begawan Padmanaba, Raden Permadi banjur ninggalake Pertapan Untarayana.

Samadya warsa (setengah taun) sawise Raden Permadi oncat saka Pertapan Untarayana, kasusul suwitane satriya ing Widarakandhang Raden Narayana miwah Sang Udawa.

Sinigeg kang ana ing Pertapan Untarayana. Ganti kacarita kang ana ing Kedathon Mandura.

Dina Respati Manis, nata agung ing Mandura Prabu Basudewa ngadani pisowanan agung ing sitihinggil binaturata. Diadhep ingkang rayi, satriya ing Kumbina, kekasih Raden Aryaprabu Rukma. Raden Aryaprabu mengkerake pisowane warangka nata ing Mandura, Rang Rekyana Patih Saragupita. Patih Saragupita mengkeraken pisowane sanggya para kadang sentana. Sinambung pisowane para mantra, bupati, nayakaning praja, lan para wadyabala.

Andher sowane wadyabala, mblabar tekan pangurakan pindha samodra tanpa tepi. Pisowane wadya kang mangaler, mepet tekan pengurakan. Mangilen tekan wantilan, mangetan tekan monggangan, kaya ndhoyong-ndoyongna pacak suji kayu areng. Sami ngagem busana maneka warna, katon saka kadohan kaya anjrahing puspita.

“Kadange pun kakang, Yayi Aryaprabu Rukma.”
“Nuwun wonten pangandikan ingkang adhawuh, Kanjeng Kaka Prabu.”
“Mula jeneng para adoh dakcedhakake, cedhak saya dakraketake, kang dhadekake telenging penggalih pun kakang, kaya dene tumamaning suduk gunting tatu loro..”


[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 25 / Th. XXXVIII)

Kamis, 19 Februari 2009

NURUTI DHAWUHING IBU


SERI PADMANABA NITIS (3)


(Dening MULYANTARA)


Sawijining bengi, Raden Permadi supena, pepangkone kadhawahan rembulan kang ingapit lintang sajodho. Datan pepoyan (ngendika) marang para kadang dalasan ingkang ibu, Raden Permadi oncat saka Padhukuhan Kakregan Karangasem, wilayah Negara Ekacakra.

Kalenggahan iki oncate Raden Permadi wus sacandra (sesasi) lawase. Njalari sungkawa penggalihe Dewi Kunthi. Jroning wardaya mung tansah melang-melang pindha ninggal jabang bayi ing pinggiring blumbang.

“Ya yen pancen raharja. Yen kasangsaya, sapa kang bakal menehi pitulungan marang Permadi?” ngendikane Dewi Kunthi karo kembeng waspa.

Raden Puntadewa tumanggap sabda, “Ibu, panjenengan dalem kula aturi lerem ing penggalih, Ibu. Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih. Permadi ing ri kalenggahan menika sampun sanes lare malih. Nanging sampun diwasa, sampun jembar wawasanipun, sampun inggil pemanggihipun, boten perlu dipunkuwatosaken. Mila sru panuwun kula, Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih.”

Sapa wonge bisa kesuwen pisah klawan anak. Senadyan gemrayah anakku pirang-pirang, nanging yen ora katon sawiji bae kaya rinujit-rujit atine pun ibu. Ngger, golekana si Permadi.”

Sawatara ora ana kang gumregah nindakake dhawuhe ibu, mula Raden Puntadewa nuli njawil rayine kang pawakane gagah gedhe dhuwur. “Bratasena”.

“Apa, Mbarep kakangku.”

“Aja nganti kedlarung-dlarung sungkawane penggalih Kanjeng Ibu. Kowe kang jangkamu amba, mesthine kudu nanggapi apa kang wus kadhawuhake dening Kanjeng ibu tanpa nganggo penarentah. Dina iki Permadi golekana nganti ketemu, Tumulia ajaken bali ing Padhukuhan Kakregan.”

“Emoh. Nggoleki wong lunga kuwi padha karo nggoleki wujuding angina. Ora perlu disamarake. Ora-orane Permadi kasangsaran, amarga Permadi mono uga duwe pikiran kang waras. Pancadriyane ganep, uga padhang pandulune. Ibarate wong lumaku, ora-orane yen keblasuk. Mula ora perlu digoleki. Besuk yen wancine mulih, mesthi mulih.” Wangsulane Raden Bratasena.

Midhanget wangsulane Raden Bratasena kang kaya ngono iku, Dewi Kunthi nuli mengika marang sang Panenggak Pandhawa.

“Bratasena.”
“Apa.”
“Kowe ora gelem nggoleki adhimu Permadi?”
“Ya, jalaran ora ana sing perlu takkuwatirake. Permadi iku wis diwasa, wis ganep nalare.”
“Pinten, Tangsen.”
“Kula boten sagah, Ibu. Lan malih kula dereng diwasa. Wonten pundit anggen kula badhe madosi? Boten wurunga kula mangke badhe keblasuk-blasuk, saya mimbuhi sungkawaning penggalih Kanjeng Ibu.”
“Bratasena.”
“Apa, Kunthi ibuku.”
“Yen pancen kowe emoh nggoleki lungane Permadi, sapa maneh kang kudu tumandang yang dudu aku. Wis padha penakna nggonmu kumpul lan para kadangmu, Permadi takgolekane dhewe. Nadyan krubyuk kabotan pinjung, aku arep nggoleki Permadi, ana ngendi papan dununge. Ora pati-pati bali yen aku during ketemu Permadi.”

Bareng midhanget ingkang ibu negya nekad ngupadi Raden Permadi, sanalika Raden Bratasena gumregah rasane, banjur menggak karsane Dewi Kunthi, “Kunthi ibuku, kowe aja lunga. Yen kowe tetep nyamarake lungane Jlamprong adhiku, aku kang saguh ngupadi. Wis, penakna lenggah ana ing daleme Buyut Ijrapa, Permadi takgolekane. Dina iki aku budhal. Pangestumu takjaluk.”

“Takpangestoni Bratasena. Duga-duga digawa, ngati-ati aja keri.”

Sawise pamitan marang kadange tuwa lan adhine kang wujud satriya kembar, Raden Bratasena sigra ninggalake Padhukuhan Kakrengan Karangasem.

Tekan tapelwatesing desa, Raden Bratasena anjegreg, ngadeg jejeg pindha tugu sinukarta. Tugu wis ngarani, sawijining barang kang manggon. Sinukarta tegese rinengga-rengga. Awrating penggalih awit ngemban dhawuhe ibu, jroning cipta tan wangsul ing paleremane yen during renteng-renteng klawan ingkang rayi panengahing Pandhawa Raden Permadi. Raden Bratasena nyancutake busanane, banjur manjing ing telenging wana gung liwang-liwung.

Kacarita kang ana ing Pertapan Untarayana, kang dumunung ing pucuk Gunung Dwarawati. Senadyan among saeyubing paying bebasane jembaring pertapan, parandene kekuwunge anelahi, sumorot sundhul ing awiyat. Kaprabawan kang mapan ing kono, sajuganing pandhita luwih, pangawakane Bathara Wisnu jang ngejawantah, peparab Begawan Padmanaba.

Begawan Padmanaba pranyata kesdik paningale, trawang panrawange, weruh sadurunge winarah. Apa kang cinipta dadi kang sinedya ana. Pandhita buntas kawruh lair miwah batin.

Ing pagedhongane wus nampa pasuwitane pamandyaning Pandhawa Raden Permadi. Wus sacandra (sesasi) lawase Raden Permadi ngangsu kawruh marang sang Begawan. Tancep katresnane Sang Begawan Padmanaba marang Raden Permadi, tan prabeda kaya atmajane dhewe.

Anggung ginila-gila, digadhang-gadhang murih ing tembe dadi satriya kang migunani tumraping nusa lan bangsa. Pinten-pinten wewangson. Wejangan sngkan paraning dumadi, panjing suruping sukma sadaya wus kaparingake.

“Anakku murid, Ngger Permadi.”
“Nuwun wonten pangandhika ingkang adhawuh, Rama panembahan.”
“Wus sacandra lawase kowe mapan ana ing pucuke Gunung Dwarawati. Rumangsaku kurang papan, turah ingkang takparingake kang awujud kawruh sarta ngelmu ing babagan apa bae. Nanging nitik saka polatanmu sarta solahbawamu, pun rama bisa anyumurubi lamun kowe rumangsa during marem. Apa maneh kang bakal mbokjaluk, Ngger?”


[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 24 / Th. XXXVIII)

Kamis, 12 Februari 2009

ANANTABOGA MANTU


SERI PADMANABA NITIS (2)

(Dening MULYANTARA)


Sadurunge budhal menyang Bale Sigala-gala, Bratasena diwanti-wanti dening Adipati Yamawidura supaya tansah prayitna, lan yen ana bebaya, supaya njejak pojoking Bale Sigala-gala iring lor wetan.

Jebul pangandikane Adipati Yamawidura dadi kasunyatan. Jrone Pandhawa kepati nendra, Bale Sigala-gala diobong dening Puroncana, kongkonane Kurawa. Sedhela bae Bale Sigala-gala wus kobar dadi dahana, amarga pancen kayu-kayu sing dienggo gawe Bale Sigala-gala kayu sing gampang dinilat ing geni, lan maneh linapis ing lenga, gandarukem, lan walirang.

Kurawa surak-surak, mesthekake yen Pandhawa bakal tumeka ing pati. Nanging pati, rejeki, lan jodho iku karegem ing astane Sing Gawe Jagad. Yen during titimangsane mati, uga sewu dalane bisa oncat saka bebaya pati. Raden Bratasena sing wus kakupeng geni mangalad-alad, sigra ngrangkud sedulure papat lan ibune. Pojoking Bale Sigala-gala iring lor wetan dijlogi. Jebul ing kono ana urung-urung (terowongan) ing jeron bumi. Kahanane peteng ndhedhet lelimengan. Jrone lumaku mumak-mumuk ora ngerti keblat, dumadakan ana garangan putih mawa cahya njrunthul tanpa sangkan, lumayu ing sangarepe Raden Bratasena. Tanpa menggalih panjang, Raden Bratasena ngetutke playune garangan putih, saengga tekan Kahyangan Saptapratala.

Senadyan kahyangan mau dumunung ing dhasaring bumi, nganging kahanane padhang trawangan kaya ana ing dharatan. Kang mengkoni Kahyangan Saptapratala wujude naga sabongkoting tal, bebisik Hyang Anantaboga kagungan putra siji, wujude putrid sulistya ing warna, sesilih Dewi Nagagini.

Wektu kepungkur Dewi Nagagini ngimpi ngladeni satriya panenggaking Pandhawa Raden Bratasena. Impene mau linali-lali ora bisa ilang, nanging malah saya ngranuhi. Mula banjur ngrerepa marang ramane supaya ngupadi satriya kang ana jroning pasupenan.

Bawane Sang Hyang Anantaboga iku klebu jangkeping dewa, mula gedhe panguwasane. Raden Bratasena kang wus manjing jroning urung-urung, nuli rinekadaya saengga tekan Kahyangan Saptapratala. Sang Hyang Anantaboga nyipta wujuding garangan putih mawa cahya, kang nenuntun playune Raden Bratasena nganti tekan kahyangan dhasaring bumi.

Wusana Sang Hyang Anantaboga klakon ndhaupake atmajane klawan Raden Bratasena. Sawatara wektu para Pandhawa lan Dewi Kunthi lerem ana ing Kahyangan Saptapratala.

Sawijining dina, Raden Bratasena nyuwun pamit nedya mbarang amuk ana ing Negara Ngastina, nandukake pinwales marang pakartine Kurawa kang sengaja nggayuh patine Pandhawa srana diobong ing Bale Sigala-gala. Nanging Sanga Hyang Anantaboga menggak kekarepane Raden Bratasena, Raden Bratasena didhawuhi sabar. Wong sabar iku luhur kawekasane. Yen Bratasena mung arep nuruti hardaning kanepson, ora wurung pakartine tan prabeda Kurawa sing asor watak wantune. Jer nyatane digayuh patine tetep waluya temahing pati. Kepara malah nampa kanugrahan, dadi mantune dewa, antuk jodho putrid sulistya ing warna.

Sabanjure Sang Hyang Anantaboga paring dhawuh marang Pandhawa supaya nindakake tapa ngrame (ing rame) utawa tapa praja. Tapa ngrame iku tegese ora ing asepi, ora mahas ing asamun manekung ana ing pertapan, nanging tapa bratane mapan ing madyaning bebrayaning kawula lan praja. Kudu lumadi labuh labet ing reh jejeging adil lan bebener. Dene lakune kudu wani ing gawe lan sepi ing pamrih. Kudu tansah paring pitulungan marang pepadhaning urip kang nandhang kasangsaran.

Pandhawa saguh nindakake dhawuhe Sang Hyang Anantaboga. Tumuli pamitan ninggalake Kahyangan Saptapratala. Sawise nusup-nusup angayam alas, wekasan lakune para Pandhawa tekan ing padhukuhan Kakregan Karangasem sing diayomi dening Buyut Ijrapa lan bojone sing jenenge Nyai Ruminta. Padhukuhan Kakrengan Karangasem mau kebawah Negara Ekacakra.

Ratu ing Ekacakra wujude raja gandarwa, jejuluk Prabu Bakasura. Karemane mangan daging manungsa. Saben dina kawulane digilir kudu pasok sega gurih sagrobag lan manungsa siji. Kang mangkono mau gawe ora tentreme kawula cilik ing kukuban Negara Ekacakra. Saben dina atine para kawula mung tansah ketir-ketir. Wektu kuwi ngepasi tiba gilirane Ki Buyut Ijrapa sing kudu pasok sega sagrobag lan manungsa siji.

Raden Bratasena mitulungi panandhange Buyut Ijrapa. Saguh diladekake marang Prabu Bakasura. Wusana Prabu Bakasura bisa disirnakake dening Raden Bratasena. Sasirnane Prabu Bakasura, Negara Ekacakra tata titi tentrem. Sawetara wektu Pandhawa lan Dewi Kunthi mapan ana ing daleme Ki Buyut Ijrapa.

Sawijining bengi, Raden Permadi supena, pepangkone kadhawahan rembulan kang ingapit lintang sajodho. Datan ngendika marang para kadang dalasan ingkang ibu, Raden Permadi oncat saka tlatah Ekacakra. Oncate Raden Permadi njalari sungkawa penggalihe Dewi Kunthi. Jroning wardaya mung tansah melang-melang pindha ninggal ponang jabang bayi ing pinggiring blumbang.

“Anakku, Ngger Puntadewa.”
“Aku, Kanjeng Ibu, wonten pangandika ingkang adhawuh”.
“Apadene Bratasena”
“Apa, Kunthi ibuku.”
“Kembar.”
“Kula, wonten pangandika ingkang adhawuh, Ibu.”
“Kula, Ibu, wonten pangandika ingkang adhawuh.”
“Wus sesasi lawase Permadi lunga ora bali-bali. Nanging apa sebabe ing atase sedulurmu lunga kang during karuan papan sarta cumondhoke, kowe kang padha ana kene bisa ngrasakake sawatara kanikmatan? Lungane Permadi kang tanpa pamit, njalari atine ibu melang-melang, rasane kayadene ninggal jabang bayi ing tepining blumbang. Ya ta yen pancen raharja, yen kasangsaya, sapa kang bakal menehi pitulungan marang Permadi?”

ngendikane Dewi Kunthi karo kembeng waspa. Raden Puntadewa tumanggap sabda.

“Ibu, panjenengan dalem kula aturi lerem ing penggalih. Ibu, Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih. Permadi ing ri kalenggahan menika sampun sanes lare malih. Nanging sampun diwasa, sampun jembar wawasanipun, sampun inggil pamanggihipun, boten perlu dipun kuwatosaken. Mila sru panuwun kula, Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih.”

“Sapa wonge bisa kesuwen pisah lawan anak. Senadyan gemrayah anakku pirang-pirang, nanging yen ora katon sawiji bae kaya rinujit-rujit atine pun ibu. Ngger, golekana si Permadi.”

Sawetara ora ana kang gumregah nindakake dhawuhe ibu, mula Raden Puntadewa nuli njawil rayine kang pawakane gagah gedhe dhuwur,

“Bratasena”
“Apa, Mbarep kakangku.”
“Aja nganti kedlarung-dlarung sungkawane penggalih Kanjeng Ibu, kowe kang jangkahmu amba, mesthine kudu nanggapi apa kang wus kadhawuhake dening Kanjeng Ibu tanpa nganggo pinarentah. Dina iki Permadi golekana nganti ketemu. Tumuli ajaken bali ing Padhukuhan Kakregan.”
“Emoh, nggoleki wong lunga kuwi padha karo nggoleki wujuding angina…

[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 23 / Th. XXXVIII)

Rabu, 11 Februari 2009

POKALE ARYA SUMAN

SERI PADMANABA NITIS (1)

(Dening : MULYANTARA)


Ganep lima putrane Prabu Pandhudewanata saka garwa loro (Dewi Kunthi Talibrata dan Dewi Madrim. Karo Dewi Kunthi patutan telu, yaiku Raden Puntadewa (Raden Dwijakangka), Raden Bratasena, lan Raden Permadi (Raden Arjuna). Karo Dewi Madrim patutan loro kembar, yaiku Raden Pinten (Raden Nakula) lan Raden Tangsen (Raden Sadewa). Kondhang ing jagad sinebut Pandhawa lima. Pandhawa saka linggane tembung Pandhu lan Mawa tegese anak Pandhu.

Sasurude Prabu Pandhudewanata, Negara Ngastina diasta dening Prabu Drestharastra (Dhestharata). Patihe jenenge Patih Sengkuni. Patih Sengkuni ini maune bagus rupane, jenenge maune Raden Trigantalpati utawa Arya Suman. Cacad awake amarga diajar dening Patih Gandamana (patihe Prabu Pandhudewanata), awit Patih Gandamana dipitenah ngiloni mungsuh. Wektu kuwi dumadi paprangan antarane Negara Ngastina mungsuh Negara Pringgadani. Dumadine paprangan iki uga saka pakartine Trigantalpati.

Patih Gandamana sing nyenapateni wadyabala Ngastina kena paekane mungsuh, satemah kecemplung luweng lan ditableg. Trigantalpati wadul mara Prabu Pandhu yen Patih Gandamana malik tingal ngiloni mungsuh. Mula Trigantalpati banjur sinengkakake ngaluhur dadi patih ing Ngastina, nggenteni kalungguhane Patih Gandamana. Idham-idhamane kepengin dadi wong nomer siji ing Ngastina wus klakon, senadyan ora kudu dadi ratu.

Awit saka pitulungane Begawan Sularsadewa (pandhita wujud landhak putih) kang disraya dening Raden Senjaya, Patih Gandamana bisa dientasake saka jroning luweng. Raden Senjaya banjur nyitakake kahanan ing Negara Ngastina.

Midhanget ature Raden Senjaya, sanalika Patih Gandamana duka yayah sinipi. Sigra kondur ing Ngastina, ngajar Trigantalpati (Arya Suman) kang wus mitenah piyambake. Trigantalpati dadi cacad ragane, ilang baguse.

Mripake sing maune mblalak, saiki amba sesisih. Tutuke suwek, mewek-mewek, yen guneman dadi kelmak-klemek. Boyoke kiwa pepes merga didengkek, larane mlanjer tekan sikile kiwa, saengga yen mlaku dadi pincang. Ya wiwit iku Trigantalpati banjur sinebut Sengkuni, saka tembung saka uni. Minangka pepeling yen rusake awak Trigantalpati merga saka unine dhewe, saka tutuke sing landhep, sing senengane adu-adu, sing senengane mitenah wong.

Trigantalpati sing wis rusak ragane nuli wadul marang kakange ipe, yaiku Adipati ing Gajahhoya Sang Dhestharata. Adipati Dhestharata mrinani, ora trima adhine ipe diajar Gandamana, banjur manggihi Prabu Padhudewanata ing kadhaton Nestina, dituntun garwane, amarga Adipati Dhestharata iku wuta, ora bisa mriksani padhange jagad. Ada ing ngarsane Prabu Pandhu, Adipati Dhestharata duka-duka. Ora nrimakake Trigantalpati diajar dening Gandamana nganti kang rayi kaipe rusak awake lan ilang baguse.

Prabu Pandhu kaya dibeset pasuryane bareng nampa duka saka ingkang raka. Sanalika mengku duka. Tibaning pamuring marang patihe. Ora perduli Gandamana gedhe lelabuhane marang Negara Ngastina. Gandamana diunekake wong sing ora ngerti tatanan. Ratu Ngastina iku Pandhu dudu Gandamana. Nanging apa sababe Gandamana wis kumawani ngunggahi wewenange Prabu Pandhu? Aja dumeh digdaya, banjur kadigdayane digunakake kanggo sewenang-wenang. Ngajar wong tanpa nganggo petungan, njalari rusaking raga. Yen Ngastina ana wong sing kaya Gandamana ganep papat, mesthi bakal bubrah tatanan Negara Ngasetina. Patih Gandamana banjur ditundhung, ora kena mapan ing bumi Ngastina. Gandamana banjur bali ing negarane, yaiku Negara Pancala.

Wusanane Prabu Pandhu nyarirani pribadi mapagake pangamuke ratu Pringgadani Prabu Tremboko. Kekarone padha digdayane, satemah mati sampyuh. Ratu loro padha gugur ing paprangan.

Sadurunge seda, Prabu Pandhu isih bisa ngendika, nitipake Negara Ngastina marang Adipati Dhestharata. Besuk yen Pandhawa wis diwasa, Negara Ngastina diaturi maringake marang pambayun ing Pandhawa, yaiku Puntadewa. Minangka pituwas olehe wus kersa makili jumeneng ratu ing Ngastina, Prabu Pandhu masrahake separone Negara Ngastina kagem Adipati Dhestharata.

Kasunyatane bareng Adipati Dhestharata jumeneng ratu ing Ngastina, piwelinge Prabu Pandhu mau ora diestokake.

Kang mangkono mau awit kuwating pangesuke rembug Sang Dewi Gendari saha Patih Sengkuni. Mula ora mokal yen Negara Ngastina sabanjure kapasrahake marang Raden Jakapitana (Kurupati), putra pembarepe Prabu Dhestharata. Patih sengkuni tetep dadi patih ing Ngastina, saiki ngembani jumenenge Prabu Kurupati.

Ora lega rasaning ati Patih Sengkuni yen during bisa numpes anak turune Pandhu. Pandhawa dianggep klilip, sing kudu disingkirake saka lumahing bumi. Yen Pandhawa isih urip, suwening suwe mesthi ngusik kamukten ing Ngastina. Sengkuni ora pengin Negara Ngastina didum-dum, dipara-para. Pengine wutuh karegem ing Kurawa. Dadi bisa tutug olehe mukti wibawa.

Kajaba iku, Sengkuni ora bisa nglalekake kedadeyan nalika kadange tuwa sing asmane Prabu Gendara disirnakake dening Pandhu, ing jrone perang tandhing rebutan Dewi Kunthi. Sasedane Prabu Gendara, Dewi Gendari sing dikanthi, dadi kukubane Pandhu, banjur diboyong menyang Ngestina. Tekan Ngestina, Dewi Gendari kakersakake dadi jodho dhaupe Dhestharata sing wuta. Saya ngigit-igit Sengkuni marang Prabu Pandhu, senadyan Prabu Pandhu wus maringi kalungguhan patih ing Ngastina.

Ati sing wis kadhung tatu, njarem ngureng, ora gampang ilange. Apa maneh watake Sengkuni pancen ala, ibarate geni malah kaya kasiram ing lenga. Saya makantar-kantar! Senajan Prabu Pandhu wis ora ana, nanging turune isih ana.

Mula Patih Sengkuni banjur gawe rekadaya, yasa bale utawa palereman ing alas Waranawata. Bale mau sinebut bale Sigala-gala. Pandhawa diulemi supaya teka ing Bale Sigala-gala, Kurawa bakal maringake separoning Negara Ngastina marang Pandhawa.

Tekan Bale Sigala-gala, Pandhawa diajak suka parisuka lan kembul bojana andrawina, nganti Pandhawa padha kepati nendra. Mung Raden Bratasena kang isih melek, nanging ethok-ethok turu kepati. Bratasena tansah waspada. Dheweke tansah eling piwelinge ingkang paman, yaiku Sang Adipati Yamawidura.

Sadurunge budhal menyang Bale Sigala-gala, Bratasena diwanti-wanti dening Adipati Yamawidura supaya tansah prayitna, lan yen ana bebaya, supaya njejak pojoking Bale Sigala-gala iring lor wetan.

Jebul pangandikane Adipati Yamawidura dadi kasunyatan. Jrone Pandhawa kepati nendra, Bale Sigala-gala diobong dening Puroncana, kongkonane Kurawa. Sedhela bae Bale Sigala-gala wus kobar dadi dahana, amarga pancen kayu-kayu sing dienggo gawe Bale Sigala-gala kayu sing gampang dinilat ing geni, lan maneh linapis ing lenga, gandarukem, lan walirang.

Kurawa surak-surak, mesthekake yen Pandhawa bakal tumeka ing pati
[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 22 /Th.XXXVIII)

Rabu, 17 September 2008

SUDAGAR MARUTO

Sawijining wektu ana sudagar sugih sing duwe bojo papat. Sudagar iku asmane Pak Maruto. Bojone papat iku kabeh ayu-ayu tur katon tresna banget marang dheweke. Enake duwe bojo papat, saben duwe kesempatan pesta utawa kawiwahan bisa ngajak bojo papat kuwi genti genten. Dina-dinane Sang Sudagar kebak kabagyan nganti sawijining wektu dheweke nandang raga. Lelarane Sang Sudagar sajak mbebayani ngancam jiwane. Saiki dheweke mung bisa turu ngathang-athang ana dhuwur dhipan. Ing kahanan kang kaya kuwi sing ana pikirane Sang Sudagar mung siji. Upama dheweke tumekeng janji, apa ana salah siji saka bojone iku sing gelem ngancani mati?
Sepisanan, Sudagar Maruto nari bojo angka papat jenenge Nancy. Bocahe ayu lencir kuning tur umure isih selikur taun. Rambute potong pendhek tampilane kenes. “Bocah ayu, apa gelem kowe ngancani aku ing alam kubur upama dina iki malaikat nyabut nyawaku?” pitakone Sudagar Maruto kanthi suwara groyok.
“Nehi ! Nehi ! No way!” wangsulane Nancy karo mlengos. Lagake nganyelake kaya kurang sajen.
Sudagar Maruto kelara-lara atine. Ing atase nalika waras gelem diajak mrana-mrene. Digandheng ngancani blanja ana mall, jajan ana restaurant Mc Donald, ora tau nulak. Eh saiki sawise nandhang lara kok malah mlengos. Sudagar Maruto terus nari bojo angka telu sing jenenge Moneyta Artaningtyas. Asring dijeluk kanthi sebutan Monik. Bojo angka telu iki ora kalah ayu yen dibandhing karo Nancy. Kulite putih resik, rambute lembut ngrembyak sepundhak. Umure pitulikur taun. Dhasar ulate manis nengsemake.
“Monik sayangku, yen dina iki aku wus tumeka janji, apa sliramu gelem ngancani aku bali ing alam kalanggengan?” pitakone Sudagar Maruto kanthi memelas.
“Sorry, Kangmas. Kepeksa aku ora bisa ngancani panjenengan. Umurku isih enom. Isih dawa jangkahku. Yen panjenengan tumeka janji, kepeksa aku nyambung urip bebrayan karo priya liya. Eman-eman yen aku kudu mati saiki,” wangsulane Monik.
Sudagar Maruto ngelus dhadha. Ora nyana yen tresnane Monik ora tulus ing ati. Layak jenenge Moneyta Artaningtyas. Money wis ngarani dhuwit. Arta iya dhuwit. Dadi Kenya kaya Monik kuwi sing ana ing panganen-angene mung dhuwit lan dhuwit. Ora ana liyane maneh. Ning kepiye maneh, kabeh wis dadi garising pesthi.
Sateruse Sudagar Maruto pengin ngajak bojo angka loro sing jenenge Setya Asih. Ayune sedheng. Umure telung puluh lima taun.
“Asih, aku pengin ngerti sepira gedhene katresnamu marang aku,” kandhane Juragan Maruto.
“Tresna kula dhateng panjenengan kalangkung ageng, Kangmas,” wangsulane Jeng Asih.
“Yen ngono apa sliramu gelem ngancani aku bali ing alam kubur dina iki?”
“Dhuh Kangmas, nadyan ageng tresna kula dhateng panjenengan, kepeksa kula namung saged nguntapaken dumugi pasarean. Sasampunipun kula badhe wangsul nglajengaken kewajiban kula gesang.”
Adhuh! Kaya ngono kuwi padha wae kowe iya ora tresna marang aku. Yen nyata tresna mesthine sabaya mukti sabaya mati,” panggresulane Sudagar Maruto karo netesake eluh.
Nalika iku teka bojone Sudagar Maruto sing sepisan jenenge Sri Prihatin. Umure wis seketan taun mung kacek sithik karo umure Sudagar Maruto. Awake wis katon kuru, kulite kisut njengkerut, ketara yen kurang kopen. Pancen sawise duwe bojo telu sing isih enom tur ayu-ayu kuwi, Sudagar Maruto wis arang ngopeni bojone sing paling tuwa.
“Bapake, tanpa panjenengan jaluk, kula teka. Aku bakal ngancani panjenengan wiwit donya tekan delahan. Upama dina iki panjenengan kudu murud ing kasedan jati, aku tetep melu ngancani,” prasetyane Sri Prihatin tanpa ditembung Sudagar Maruto.

Para maos, crita Sudagar Maruto ing dhuwur satemene mung kanggo ilustrasi wae. Kabeh wong urip iku duwe bojo cacahe papat. Bojo paling enom sing banget kita tresnani, saben dina diemi-emi, tansah dielus-elus, diedusi, diwenehi wedhak lan minyak wangi. Bojo angka papat iku (Nancy) ora liya badan kita sakojur. Nadyan badan kita iku banget kita tresnani, sawijining wektu mesthi bakal kita tinggalake. Ngibarate kurungan manuk, yen sing ngenggoni wis oncat mula kandhange kari wadhah kosong mula disebut badan wadhag.
Bojo angka telu (Monik) asring kita ajak lelungan. Dheweke uga ngancani aktivitas padinan, kadhang bisa dipamerake liyan. Bojo angka loro iki ora liya bandha donya, dhuwit, emas, berlian, mobil, drajat, pangkat, jabatan samubarange. Kayangapa tresna kita marang bojo angka loro iki sajiwining wektu bakal kawin karo wong liya. Yen bandha lan pangkat kita tinggalake wis mesthi dadi rebutane wong akeh. Sedhenge warisan sing kita tinggalake kanggo anak putu uga pada dienggo rebutan lan regejegan nganti urusane dawa tekan pengadilan.
Bojo angka loro (Setya Asih) isih lumayan tulus kasetyane amarga gelem ngeterake tekan kuburan yen awake dhewe mati. Bojo angka loro iki ora liya kanca, sedulur, anak bojo sing kita duweni. Nanging kaya ngapa tresna kulawarga, sanak famili sawijining wektu tetep uga bakal pepisahan. Beja yen duwe anak sing sholeh sing gelem ndongakake marang wong tuwane. Lha yen anake kuwi bocah duraka, apa ora mbilaheni lan nambahi susahe ati. Mula katresnan marang anak, bojo, famili, lan kanca iku uga ana watese.
Sing angka siji (Sri Prihatin) bojo sing banget tresna marang kita. Bojo angka siji iku ora liya jiwa kita pribadi. Ya jiwa iki kang ngancani urip ing donya tekan delahan. Emane asring kita lali ora ngopeni jiwa kita. Nalika rodhaning urip mlaku kanthi banter selak mburu kuncaraning urip ing alam donya kita lali menehi santapan rohani. Kita asring kegawa marang ombyaking urip donya kang kebak hingar binger. Mula jiwa kita iku asring dadi gering, kuru aking mentandhani yen kurang kopen. Ing kamangka ya jiwa kita iku kang pantes kita persudi saben ari.
Piye carane ngopeni jiwa lan rohani kita? Lewat nindakake piwulang agama kang kita anut, ngamal kanggo bebrayan agung. Ngibadah kang sregep manut tuntunan kang bener, Nresnani sapadha-padha ngaurip.
Pungkasan atur, mangga kita tansah mbudidaya marsudi jiwa lan rohani ing urip padinan. Eman-eman yen urip sing mung sedhela iku dinentekake kanggo ngupadi variable kadonyan sing ora langgeng. Wusana mangga kula dherekaken.

(Dening :Sudadi / DL no. 32 taun XXXVII)

Woh Dewandaru

Dewandaru kang kalebu tanduran pasren iki pranyata wohe bisa migunani tumrap kasarasan kita kabeh. Dewandaru godhonge ciut meh kaya godhong crème nanging luwih kandel. Wohe uga memper karo woh crème mung wae rupane yen wis mateng abang semu ireng. Dene paedahe tumrap kasarasan kayata:

• Bisa nglancarake menstruasi (nggarapsari).
Carane, njupuk woh Dewandaru kang wis mateng 9 iji didhahar esuk 3 iji, awan 3 lan sore 3. Telung dina ajeg anggone dhahar ora kena mandheg utawa dileti.

• Bisa kanggo nyuda lara weteng nalika lagi nggarapsari.
Carane: Dhahar woh Dewandaru kang mateng esuk 2, awan 2, sore 2 iji ditindakake nganti weteng krasa kepenak lan ora krasa lara maneh.

• Bisa kanggo nambani Migren (mumet separo).
Carane: Woh Dewandaru kang mateng didhahar esuk, awan, sore saben dhahar cacahe 3 iji, ditindakake nganti krasa ilang larane.

• Bisa nyuda lara kang nyerang Otak (Krasa nyut-nyutan sirahe).
Carane: padha karo nambani lara migren.

• Bisa ngudhunake gula dharah.
Carane: Dhahar woh Dewandaru kang mateng saben esuk, awan sore cacahe 3 iji pendhak dhahar, ditindakake nganti gula dharahe normal. Yen diperiksa wis normal mandheg anggone dhahar woh Dewandaru kasebut.

Muga-muga kawruh sepala iki bisa migunani tumrap kita sami.

(Sumber: Bunda Tatiek / DL No. 32 taun XXXVII)

Selasa, 16 September 2008

Udhar Gelung ing Padesan

Upacara Udhar-udhar Gelung iku wektu iki wis akeh sing ilang, nanging uga ana Desa sawetara kang isih tetep nindakake Udhar Gelung.
Upacara Adat Udhar Gelung iku mujudake laporan taunan kamajuan Desa saka Pangarsane Desa marang masarakat kawulane, yaiku Lurah marang rakyate. Emane cara-cara iki wis meh ilang, malah kena diarani wis ilang. Kalumrahan Udhar Gelung iku dianakake ing sasi Sura pendhak taun lan dibarengi upacara bersih desa, kang disengkuyung masarakat kanthi tontonan sing lumrah ing desane dhewe-dhewe. Ana sing wayangan, ana sing tayuban, gambyong, jaranan, reyogan lsp. Wektu iku masarakat padha prei ora nyambut gawe, lan yen wis tiba wayahe, para somahan padha nggawa tumpeng dhewe-dhewe digawa menyang Bale Desa utawa menyang panggonan kang dianggep keramat.
Kelurahan iku bawahake Padhukuhan kang saben dhukuh dipangarsani Kamituwa. Mula padhukuhan uga diarani kamituan. Seminggu sadurunge upacara Udhar Gelung, kabeh masarakat padha gotong royong kerja bakti reresik lingkungane dhewe-dhewe, lan kalumrahan masarakat ngarani neng gawean. Para kamituwa wis padha nglaporake wewangunan-wewangunan ing padhukuhan marang Lurah, lan yen rerantaman wewangunan durung bisa ditindakake utawa durung rampung bakal diterusake ing taun sabanjure. Mungguh tatacara adat iki sabenere dumadi saka rong (2) kadadean, yaiku :

1. Udhar Gelung.
Werdine medharake tanggung jawab Lurah marang rakyat lan kawulane, wewangunan-wewangunan Desa sarta rerantaman pagawean kang kudu ditindakake ing taun saburine. Masarakat uga duwe wewenang ngusulake wewangunan kang wusana bakal karembug bebarengan dening pamong Desa. Semono uga yen ana kekurangan lan kaluputan Lurah, masarakat bisa aweh pepiling lan ngelikake.

2. Bersih Desa.
Bersih Desa uga diarani nyadranan. Saben pomahan padha anggawa tumpeng digawa menyang Bale Desa utawa papan kang dianggep keramat. Sawise kabeh padha ngumpul, banjur diacarani utawa diujubake. Dene ujube supaya masarakat ing Desa iku padha pinaringan rahayu widada kalising sakabehe godha rencana, pinaringan slamet bagas waras, sarta padha sempulur anggone golek pangupajiwa. Kang laku tani tulus anggone nenandur, kang laku dagang sempulur anggone laku dagang, lan kang padha makarya uga padha pinaringan gangsar.

Kanthi mangkono, mungguh satemene pemerintah padesan iku wis kenal apa kang diarani demokrasi. Saora-orane masarakat melu cawe-cawe sarta peng-ekspresi-an kekarepane masarakat kang sinebut udhar gelung. Udhar Gelung ditegesi pinangka ngudhari gelung utawa babar masalah. Saben taun keluwarga nganakake patemon utawa klumpukan, sing werdine ngrembug bab ruwet rentenging Desa sarta nglumpukake panemu-panemu, usulan sarta kritik warga masarakat tumrap pranatane Desa. Prakara kang dirembug wiwit wewangunan iline banyu, andume banyu, pranatan warga, jaga desa utawa tunggu kemit, sarta bab-bab liya kang diadhepi masarakat. Jroning udhar gelung, pamong desa mratelakake tanggung jawab babagan tugas kang wis linakonan. Jroning kahanan iku, masarakat diajak ngrembug rerantaman kang bakal ditindakake ing wektu kang bakal tumeka.
Kajaba iku udhar gelung uga mratelakake anane rerukunan sarta gotong royong masarakat padesan. Kejujuran isih lumaku kanthi becik, colong jupuk durung ngrembaka. Tumindak culika isih sesingitan, wedi yen kadenangan lan tumindak sedheng banget diwedeni dening masarakat. Marga yen nganti kadenangan rumangsa isin. Main kartu utawa ngombe minuman keras dadi pantangan. Mula ora mokal yen kahanan desa dadi ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi, kabeh padha mat-sinamatan lan padha ngajab keslametan.
Para maos sutresna, cukup semene dhisik bab Udhar Gelung sarta bersih desa. Lan upama adicara udhar gelung iku isih lumaku ung desane dhewe-dhewe, ora mokal yen katentreman ing bumi Nuswantara iki bakal nemoni kamulyan adil lan makmur.
Wusana rahayu kang padha tinemu lan jagad pinayungan ing karahayon.

(Kababar dening : Ki Soewarno Soerjokoesoemo / DL No. 06 taun XXXVII)

WIT KLAPA (Saka Oyot Tekan Wohe, Migunani)

Klapa utawa basa botanine disebut Cocos Nucifera Linn, akeh banget pigunane tumrap kabutuhan kita ing alam donya iki. Kajaba woh, kayu (wit), godhong utawa blarak, oyote uga migunani tumrap kita. Nanging apa panjenengan wis pirsa saka ngendi asale tanduran klapa kuwi.

Sejarah lan Asal-Usule Klapa

Nganti wektu iki isih dadi eyel-eyelan dening para alhi ngenani asal-usule tanduran klapa. Eyel-eyelan iki disebabake klapa pancen wus suwe dikawuningani lan dimanfaatake dening menungsa ing sadhengah negara ana donya iki. Tanduran jenis Palma iki akeh tinemu ana dhaerah tropis utawa daerah sing hawane panas. Lan anane wit klapa ing dhaerah tropis iki uga wis dikawuningani wiwit jaman pra sejarah. Tanduran klapa uripe ana dhatara rendhah lan pinggir pesisir.

Miturut ahli botani sing asmane Reyne ana tulisan ing pustaka sanskerta, tanduran klapa wus dikawuningani ing tlatah India nalika wiwitan taun Masehi lan bisa uga 500 taun sadurunge taun Masehi. Miturut Yule lan Burnell, bangsa Portugis nyebut klapa kanthi jeneng quoquos, dene bangsa Italia nyebut kanthi jeneng coche (Pigafetta).

Salah sawijining ahli botani sing asmane Beccari nganaake klasifikasi anyar kanthi adhedhasar fosil sing tinemu ana New Zealand, yakuwi:

  1. Klapa sing ana Amerika Tengah lan Amerika sisih kidul kalebu jinis Genera cocos.
  2. Klapa sing tinemu ana Afrika sisih kidup lan Madagaskar kalebu jinis Jubaiopsis caffera lan Baccaiophoenix madagaskriensis.
  3. Dene klapa sing ana Asia Tenggara klebu Cocos nucifera.

Adhedhasar klasifikasi iku tuan Beccari kagungan anggepan yen klapa (Cocos nucifera) sing duweni varitas sing werna-werna asale saka kepulauan Polinesia.

Jinise Klapa

Umume klapa bisa dipantha dadi telu, yaiku:

  1. Jinis Genjah utawa Nana (Short or Dwarf Habit) sing duwe sifat cepet awoh, udakara 3-4 taun wis awoh. Amarga wite cilik saengga saben sahektare bisa ditanduri akeh. Kadhar kopra cendhek, kadhar lengane 65% saka bobot aking daging woh. Ukuran woh cilik nanging uwohe akeh.
  2. Jinis klapa Jangkung utawa Typica (Tall Habit) yaiku klapa sing akeh ditandur. Sifate wit klapa jinis iki luwih kuwat lan luwih dhuwur, wiwit awoh umur 6-7 taun. Kadhar kopra luwih dhuwur tinimbang klapa Genjah.
  3. Jinis Aurantica (Semi Tall Habit). Sifat-sifate antara klapa genjah lan klapa jangkung.

Kajaba jinis-jinis iku isih ana jinis hybrida, sing asil saka kawinan antarane klapa jinis genjah lan klapa jinis jangkung, yaiku KHINA-1, KHINA-2 lan KHINA-3 tegese Kelapa Hibrida Indonesia, asil kala Balai Penelitian Kelapa. Yen kahanane normal klapa hibrida bisa dipanen umur 4 taun.

Panen utawa pamethiking woh

Methik woh klapa bisane saben 1-3 wulan sepisan. Woh klapa mateng sawise umur 12 wulan dietung saka wiwit penyerbukan. Woh klapa diarani wis mateng / tuwa yen warna kulite soklat lan garing.

Biasane yen sajanjang woh klapa wis ana sing tuwa siji utawa loro, janjangan utawa dhompolan woh mau wis bisa dipanen kabeh.

Woh klapa kabeh bisa diolah wiwit saka sepet (kulit), bathok klapa, banyu klapa dan dagine.

(Sumber:Puthu Aryana/DL 06 taun XXXVII)