Selasa, 16 September 2008

Udhar Gelung ing Padesan

Upacara Udhar-udhar Gelung iku wektu iki wis akeh sing ilang, nanging uga ana Desa sawetara kang isih tetep nindakake Udhar Gelung.
Upacara Adat Udhar Gelung iku mujudake laporan taunan kamajuan Desa saka Pangarsane Desa marang masarakat kawulane, yaiku Lurah marang rakyate. Emane cara-cara iki wis meh ilang, malah kena diarani wis ilang. Kalumrahan Udhar Gelung iku dianakake ing sasi Sura pendhak taun lan dibarengi upacara bersih desa, kang disengkuyung masarakat kanthi tontonan sing lumrah ing desane dhewe-dhewe. Ana sing wayangan, ana sing tayuban, gambyong, jaranan, reyogan lsp. Wektu iku masarakat padha prei ora nyambut gawe, lan yen wis tiba wayahe, para somahan padha nggawa tumpeng dhewe-dhewe digawa menyang Bale Desa utawa menyang panggonan kang dianggep keramat.
Kelurahan iku bawahake Padhukuhan kang saben dhukuh dipangarsani Kamituwa. Mula padhukuhan uga diarani kamituan. Seminggu sadurunge upacara Udhar Gelung, kabeh masarakat padha gotong royong kerja bakti reresik lingkungane dhewe-dhewe, lan kalumrahan masarakat ngarani neng gawean. Para kamituwa wis padha nglaporake wewangunan-wewangunan ing padhukuhan marang Lurah, lan yen rerantaman wewangunan durung bisa ditindakake utawa durung rampung bakal diterusake ing taun sabanjure. Mungguh tatacara adat iki sabenere dumadi saka rong (2) kadadean, yaiku :

1. Udhar Gelung.
Werdine medharake tanggung jawab Lurah marang rakyat lan kawulane, wewangunan-wewangunan Desa sarta rerantaman pagawean kang kudu ditindakake ing taun saburine. Masarakat uga duwe wewenang ngusulake wewangunan kang wusana bakal karembug bebarengan dening pamong Desa. Semono uga yen ana kekurangan lan kaluputan Lurah, masarakat bisa aweh pepiling lan ngelikake.

2. Bersih Desa.
Bersih Desa uga diarani nyadranan. Saben pomahan padha anggawa tumpeng digawa menyang Bale Desa utawa papan kang dianggep keramat. Sawise kabeh padha ngumpul, banjur diacarani utawa diujubake. Dene ujube supaya masarakat ing Desa iku padha pinaringan rahayu widada kalising sakabehe godha rencana, pinaringan slamet bagas waras, sarta padha sempulur anggone golek pangupajiwa. Kang laku tani tulus anggone nenandur, kang laku dagang sempulur anggone laku dagang, lan kang padha makarya uga padha pinaringan gangsar.

Kanthi mangkono, mungguh satemene pemerintah padesan iku wis kenal apa kang diarani demokrasi. Saora-orane masarakat melu cawe-cawe sarta peng-ekspresi-an kekarepane masarakat kang sinebut udhar gelung. Udhar Gelung ditegesi pinangka ngudhari gelung utawa babar masalah. Saben taun keluwarga nganakake patemon utawa klumpukan, sing werdine ngrembug bab ruwet rentenging Desa sarta nglumpukake panemu-panemu, usulan sarta kritik warga masarakat tumrap pranatane Desa. Prakara kang dirembug wiwit wewangunan iline banyu, andume banyu, pranatan warga, jaga desa utawa tunggu kemit, sarta bab-bab liya kang diadhepi masarakat. Jroning udhar gelung, pamong desa mratelakake tanggung jawab babagan tugas kang wis linakonan. Jroning kahanan iku, masarakat diajak ngrembug rerantaman kang bakal ditindakake ing wektu kang bakal tumeka.
Kajaba iku udhar gelung uga mratelakake anane rerukunan sarta gotong royong masarakat padesan. Kejujuran isih lumaku kanthi becik, colong jupuk durung ngrembaka. Tumindak culika isih sesingitan, wedi yen kadenangan lan tumindak sedheng banget diwedeni dening masarakat. Marga yen nganti kadenangan rumangsa isin. Main kartu utawa ngombe minuman keras dadi pantangan. Mula ora mokal yen kahanan desa dadi ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi, kabeh padha mat-sinamatan lan padha ngajab keslametan.
Para maos sutresna, cukup semene dhisik bab Udhar Gelung sarta bersih desa. Lan upama adicara udhar gelung iku isih lumaku ung desane dhewe-dhewe, ora mokal yen katentreman ing bumi Nuswantara iki bakal nemoni kamulyan adil lan makmur.
Wusana rahayu kang padha tinemu lan jagad pinayungan ing karahayon.

(Kababar dening : Ki Soewarno Soerjokoesoemo / DL No. 06 taun XXXVII)

Tidak ada komentar: