Kamis, 19 Februari 2009

NURUTI DHAWUHING IBU


SERI PADMANABA NITIS (3)


(Dening MULYANTARA)


Sawijining bengi, Raden Permadi supena, pepangkone kadhawahan rembulan kang ingapit lintang sajodho. Datan pepoyan (ngendika) marang para kadang dalasan ingkang ibu, Raden Permadi oncat saka Padhukuhan Kakregan Karangasem, wilayah Negara Ekacakra.

Kalenggahan iki oncate Raden Permadi wus sacandra (sesasi) lawase. Njalari sungkawa penggalihe Dewi Kunthi. Jroning wardaya mung tansah melang-melang pindha ninggal jabang bayi ing pinggiring blumbang.

“Ya yen pancen raharja. Yen kasangsaya, sapa kang bakal menehi pitulungan marang Permadi?” ngendikane Dewi Kunthi karo kembeng waspa.

Raden Puntadewa tumanggap sabda, “Ibu, panjenengan dalem kula aturi lerem ing penggalih, Ibu. Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih. Permadi ing ri kalenggahan menika sampun sanes lare malih. Nanging sampun diwasa, sampun jembar wawasanipun, sampun inggil pemanggihipun, boten perlu dipunkuwatosaken. Mila sru panuwun kula, Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih.”

Sapa wonge bisa kesuwen pisah klawan anak. Senadyan gemrayah anakku pirang-pirang, nanging yen ora katon sawiji bae kaya rinujit-rujit atine pun ibu. Ngger, golekana si Permadi.”

Sawatara ora ana kang gumregah nindakake dhawuhe ibu, mula Raden Puntadewa nuli njawil rayine kang pawakane gagah gedhe dhuwur. “Bratasena”.

“Apa, Mbarep kakangku.”

“Aja nganti kedlarung-dlarung sungkawane penggalih Kanjeng Ibu. Kowe kang jangkamu amba, mesthine kudu nanggapi apa kang wus kadhawuhake dening Kanjeng ibu tanpa nganggo penarentah. Dina iki Permadi golekana nganti ketemu, Tumulia ajaken bali ing Padhukuhan Kakregan.”

“Emoh. Nggoleki wong lunga kuwi padha karo nggoleki wujuding angina. Ora perlu disamarake. Ora-orane Permadi kasangsaran, amarga Permadi mono uga duwe pikiran kang waras. Pancadriyane ganep, uga padhang pandulune. Ibarate wong lumaku, ora-orane yen keblasuk. Mula ora perlu digoleki. Besuk yen wancine mulih, mesthi mulih.” Wangsulane Raden Bratasena.

Midhanget wangsulane Raden Bratasena kang kaya ngono iku, Dewi Kunthi nuli mengika marang sang Panenggak Pandhawa.

“Bratasena.”
“Apa.”
“Kowe ora gelem nggoleki adhimu Permadi?”
“Ya, jalaran ora ana sing perlu takkuwatirake. Permadi iku wis diwasa, wis ganep nalare.”
“Pinten, Tangsen.”
“Kula boten sagah, Ibu. Lan malih kula dereng diwasa. Wonten pundit anggen kula badhe madosi? Boten wurunga kula mangke badhe keblasuk-blasuk, saya mimbuhi sungkawaning penggalih Kanjeng Ibu.”
“Bratasena.”
“Apa, Kunthi ibuku.”
“Yen pancen kowe emoh nggoleki lungane Permadi, sapa maneh kang kudu tumandang yang dudu aku. Wis padha penakna nggonmu kumpul lan para kadangmu, Permadi takgolekane dhewe. Nadyan krubyuk kabotan pinjung, aku arep nggoleki Permadi, ana ngendi papan dununge. Ora pati-pati bali yen aku during ketemu Permadi.”

Bareng midhanget ingkang ibu negya nekad ngupadi Raden Permadi, sanalika Raden Bratasena gumregah rasane, banjur menggak karsane Dewi Kunthi, “Kunthi ibuku, kowe aja lunga. Yen kowe tetep nyamarake lungane Jlamprong adhiku, aku kang saguh ngupadi. Wis, penakna lenggah ana ing daleme Buyut Ijrapa, Permadi takgolekane. Dina iki aku budhal. Pangestumu takjaluk.”

“Takpangestoni Bratasena. Duga-duga digawa, ngati-ati aja keri.”

Sawise pamitan marang kadange tuwa lan adhine kang wujud satriya kembar, Raden Bratasena sigra ninggalake Padhukuhan Kakrengan Karangasem.

Tekan tapelwatesing desa, Raden Bratasena anjegreg, ngadeg jejeg pindha tugu sinukarta. Tugu wis ngarani, sawijining barang kang manggon. Sinukarta tegese rinengga-rengga. Awrating penggalih awit ngemban dhawuhe ibu, jroning cipta tan wangsul ing paleremane yen during renteng-renteng klawan ingkang rayi panengahing Pandhawa Raden Permadi. Raden Bratasena nyancutake busanane, banjur manjing ing telenging wana gung liwang-liwung.

Kacarita kang ana ing Pertapan Untarayana, kang dumunung ing pucuk Gunung Dwarawati. Senadyan among saeyubing paying bebasane jembaring pertapan, parandene kekuwunge anelahi, sumorot sundhul ing awiyat. Kaprabawan kang mapan ing kono, sajuganing pandhita luwih, pangawakane Bathara Wisnu jang ngejawantah, peparab Begawan Padmanaba.

Begawan Padmanaba pranyata kesdik paningale, trawang panrawange, weruh sadurunge winarah. Apa kang cinipta dadi kang sinedya ana. Pandhita buntas kawruh lair miwah batin.

Ing pagedhongane wus nampa pasuwitane pamandyaning Pandhawa Raden Permadi. Wus sacandra (sesasi) lawase Raden Permadi ngangsu kawruh marang sang Begawan. Tancep katresnane Sang Begawan Padmanaba marang Raden Permadi, tan prabeda kaya atmajane dhewe.

Anggung ginila-gila, digadhang-gadhang murih ing tembe dadi satriya kang migunani tumraping nusa lan bangsa. Pinten-pinten wewangson. Wejangan sngkan paraning dumadi, panjing suruping sukma sadaya wus kaparingake.

“Anakku murid, Ngger Permadi.”
“Nuwun wonten pangandhika ingkang adhawuh, Rama panembahan.”
“Wus sacandra lawase kowe mapan ana ing pucuke Gunung Dwarawati. Rumangsaku kurang papan, turah ingkang takparingake kang awujud kawruh sarta ngelmu ing babagan apa bae. Nanging nitik saka polatanmu sarta solahbawamu, pun rama bisa anyumurubi lamun kowe rumangsa during marem. Apa maneh kang bakal mbokjaluk, Ngger?”


[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 24 / Th. XXXVIII)

Tidak ada komentar: