Kamis, 12 Februari 2009

ANANTABOGA MANTU


SERI PADMANABA NITIS (2)

(Dening MULYANTARA)


Sadurunge budhal menyang Bale Sigala-gala, Bratasena diwanti-wanti dening Adipati Yamawidura supaya tansah prayitna, lan yen ana bebaya, supaya njejak pojoking Bale Sigala-gala iring lor wetan.

Jebul pangandikane Adipati Yamawidura dadi kasunyatan. Jrone Pandhawa kepati nendra, Bale Sigala-gala diobong dening Puroncana, kongkonane Kurawa. Sedhela bae Bale Sigala-gala wus kobar dadi dahana, amarga pancen kayu-kayu sing dienggo gawe Bale Sigala-gala kayu sing gampang dinilat ing geni, lan maneh linapis ing lenga, gandarukem, lan walirang.

Kurawa surak-surak, mesthekake yen Pandhawa bakal tumeka ing pati. Nanging pati, rejeki, lan jodho iku karegem ing astane Sing Gawe Jagad. Yen during titimangsane mati, uga sewu dalane bisa oncat saka bebaya pati. Raden Bratasena sing wus kakupeng geni mangalad-alad, sigra ngrangkud sedulure papat lan ibune. Pojoking Bale Sigala-gala iring lor wetan dijlogi. Jebul ing kono ana urung-urung (terowongan) ing jeron bumi. Kahanane peteng ndhedhet lelimengan. Jrone lumaku mumak-mumuk ora ngerti keblat, dumadakan ana garangan putih mawa cahya njrunthul tanpa sangkan, lumayu ing sangarepe Raden Bratasena. Tanpa menggalih panjang, Raden Bratasena ngetutke playune garangan putih, saengga tekan Kahyangan Saptapratala.

Senadyan kahyangan mau dumunung ing dhasaring bumi, nganging kahanane padhang trawangan kaya ana ing dharatan. Kang mengkoni Kahyangan Saptapratala wujude naga sabongkoting tal, bebisik Hyang Anantaboga kagungan putra siji, wujude putrid sulistya ing warna, sesilih Dewi Nagagini.

Wektu kepungkur Dewi Nagagini ngimpi ngladeni satriya panenggaking Pandhawa Raden Bratasena. Impene mau linali-lali ora bisa ilang, nanging malah saya ngranuhi. Mula banjur ngrerepa marang ramane supaya ngupadi satriya kang ana jroning pasupenan.

Bawane Sang Hyang Anantaboga iku klebu jangkeping dewa, mula gedhe panguwasane. Raden Bratasena kang wus manjing jroning urung-urung, nuli rinekadaya saengga tekan Kahyangan Saptapratala. Sang Hyang Anantaboga nyipta wujuding garangan putih mawa cahya, kang nenuntun playune Raden Bratasena nganti tekan kahyangan dhasaring bumi.

Wusana Sang Hyang Anantaboga klakon ndhaupake atmajane klawan Raden Bratasena. Sawatara wektu para Pandhawa lan Dewi Kunthi lerem ana ing Kahyangan Saptapratala.

Sawijining dina, Raden Bratasena nyuwun pamit nedya mbarang amuk ana ing Negara Ngastina, nandukake pinwales marang pakartine Kurawa kang sengaja nggayuh patine Pandhawa srana diobong ing Bale Sigala-gala. Nanging Sanga Hyang Anantaboga menggak kekarepane Raden Bratasena, Raden Bratasena didhawuhi sabar. Wong sabar iku luhur kawekasane. Yen Bratasena mung arep nuruti hardaning kanepson, ora wurung pakartine tan prabeda Kurawa sing asor watak wantune. Jer nyatane digayuh patine tetep waluya temahing pati. Kepara malah nampa kanugrahan, dadi mantune dewa, antuk jodho putrid sulistya ing warna.

Sabanjure Sang Hyang Anantaboga paring dhawuh marang Pandhawa supaya nindakake tapa ngrame (ing rame) utawa tapa praja. Tapa ngrame iku tegese ora ing asepi, ora mahas ing asamun manekung ana ing pertapan, nanging tapa bratane mapan ing madyaning bebrayaning kawula lan praja. Kudu lumadi labuh labet ing reh jejeging adil lan bebener. Dene lakune kudu wani ing gawe lan sepi ing pamrih. Kudu tansah paring pitulungan marang pepadhaning urip kang nandhang kasangsaran.

Pandhawa saguh nindakake dhawuhe Sang Hyang Anantaboga. Tumuli pamitan ninggalake Kahyangan Saptapratala. Sawise nusup-nusup angayam alas, wekasan lakune para Pandhawa tekan ing padhukuhan Kakregan Karangasem sing diayomi dening Buyut Ijrapa lan bojone sing jenenge Nyai Ruminta. Padhukuhan Kakrengan Karangasem mau kebawah Negara Ekacakra.

Ratu ing Ekacakra wujude raja gandarwa, jejuluk Prabu Bakasura. Karemane mangan daging manungsa. Saben dina kawulane digilir kudu pasok sega gurih sagrobag lan manungsa siji. Kang mangkono mau gawe ora tentreme kawula cilik ing kukuban Negara Ekacakra. Saben dina atine para kawula mung tansah ketir-ketir. Wektu kuwi ngepasi tiba gilirane Ki Buyut Ijrapa sing kudu pasok sega sagrobag lan manungsa siji.

Raden Bratasena mitulungi panandhange Buyut Ijrapa. Saguh diladekake marang Prabu Bakasura. Wusana Prabu Bakasura bisa disirnakake dening Raden Bratasena. Sasirnane Prabu Bakasura, Negara Ekacakra tata titi tentrem. Sawetara wektu Pandhawa lan Dewi Kunthi mapan ana ing daleme Ki Buyut Ijrapa.

Sawijining bengi, Raden Permadi supena, pepangkone kadhawahan rembulan kang ingapit lintang sajodho. Datan ngendika marang para kadang dalasan ingkang ibu, Raden Permadi oncat saka tlatah Ekacakra. Oncate Raden Permadi njalari sungkawa penggalihe Dewi Kunthi. Jroning wardaya mung tansah melang-melang pindha ninggal ponang jabang bayi ing pinggiring blumbang.

“Anakku, Ngger Puntadewa.”
“Aku, Kanjeng Ibu, wonten pangandika ingkang adhawuh”.
“Apadene Bratasena”
“Apa, Kunthi ibuku.”
“Kembar.”
“Kula, wonten pangandika ingkang adhawuh, Ibu.”
“Kula, Ibu, wonten pangandika ingkang adhawuh.”
“Wus sesasi lawase Permadi lunga ora bali-bali. Nanging apa sebabe ing atase sedulurmu lunga kang during karuan papan sarta cumondhoke, kowe kang padha ana kene bisa ngrasakake sawatara kanikmatan? Lungane Permadi kang tanpa pamit, njalari atine ibu melang-melang, rasane kayadene ninggal jabang bayi ing tepining blumbang. Ya ta yen pancen raharja, yen kasangsaya, sapa kang bakal menehi pitulungan marang Permadi?”

ngendikane Dewi Kunthi karo kembeng waspa. Raden Puntadewa tumanggap sabda.

“Ibu, panjenengan dalem kula aturi lerem ing penggalih. Ibu, Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih. Permadi ing ri kalenggahan menika sampun sanes lare malih. Nanging sampun diwasa, sampun jembar wawasanipun, sampun inggil pamanggihipun, boten perlu dipun kuwatosaken. Mila sru panuwun kula, Ibu sampun ngantos was kuwatos ing penggalih.”

“Sapa wonge bisa kesuwen pisah lawan anak. Senadyan gemrayah anakku pirang-pirang, nanging yen ora katon sawiji bae kaya rinujit-rujit atine pun ibu. Ngger, golekana si Permadi.”

Sawetara ora ana kang gumregah nindakake dhawuhe ibu, mula Raden Puntadewa nuli njawil rayine kang pawakane gagah gedhe dhuwur,

“Bratasena”
“Apa, Mbarep kakangku.”
“Aja nganti kedlarung-dlarung sungkawane penggalih Kanjeng Ibu, kowe kang jangkahmu amba, mesthine kudu nanggapi apa kang wus kadhawuhake dening Kanjeng Ibu tanpa nganggo pinarentah. Dina iki Permadi golekana nganti ketemu. Tumuli ajaken bali ing Padhukuhan Kakregan.”
“Emoh, nggoleki wong lunga kuwi padha karo nggoleki wujuding angina…

[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 23 / Th. XXXVIII)

3 komentar:

mbelgedez™ mengatakan...

.
Uedyan...
Padahal mung kari moco, ning kok yo isih belepotan....

Jiiaaan...
Wis meh lali tenan karo boso Jowo...

mbelgedez™ mengatakan...

.
Uedyan...
Padahal mung kari moco, ning kok yo isih belepotan....

Jiiaaan...
Wis meh lali tenan karo boso Jowo...

Jegagik mengatakan...

Mulakna, sinau basa jawa maneh, kareben lancar.... karo budayane dhewe wae kok dilalekke