Rabu, 11 Februari 2009

POKALE ARYA SUMAN

SERI PADMANABA NITIS (1)

(Dening : MULYANTARA)


Ganep lima putrane Prabu Pandhudewanata saka garwa loro (Dewi Kunthi Talibrata dan Dewi Madrim. Karo Dewi Kunthi patutan telu, yaiku Raden Puntadewa (Raden Dwijakangka), Raden Bratasena, lan Raden Permadi (Raden Arjuna). Karo Dewi Madrim patutan loro kembar, yaiku Raden Pinten (Raden Nakula) lan Raden Tangsen (Raden Sadewa). Kondhang ing jagad sinebut Pandhawa lima. Pandhawa saka linggane tembung Pandhu lan Mawa tegese anak Pandhu.

Sasurude Prabu Pandhudewanata, Negara Ngastina diasta dening Prabu Drestharastra (Dhestharata). Patihe jenenge Patih Sengkuni. Patih Sengkuni ini maune bagus rupane, jenenge maune Raden Trigantalpati utawa Arya Suman. Cacad awake amarga diajar dening Patih Gandamana (patihe Prabu Pandhudewanata), awit Patih Gandamana dipitenah ngiloni mungsuh. Wektu kuwi dumadi paprangan antarane Negara Ngastina mungsuh Negara Pringgadani. Dumadine paprangan iki uga saka pakartine Trigantalpati.

Patih Gandamana sing nyenapateni wadyabala Ngastina kena paekane mungsuh, satemah kecemplung luweng lan ditableg. Trigantalpati wadul mara Prabu Pandhu yen Patih Gandamana malik tingal ngiloni mungsuh. Mula Trigantalpati banjur sinengkakake ngaluhur dadi patih ing Ngastina, nggenteni kalungguhane Patih Gandamana. Idham-idhamane kepengin dadi wong nomer siji ing Ngastina wus klakon, senadyan ora kudu dadi ratu.

Awit saka pitulungane Begawan Sularsadewa (pandhita wujud landhak putih) kang disraya dening Raden Senjaya, Patih Gandamana bisa dientasake saka jroning luweng. Raden Senjaya banjur nyitakake kahanan ing Negara Ngastina.

Midhanget ature Raden Senjaya, sanalika Patih Gandamana duka yayah sinipi. Sigra kondur ing Ngastina, ngajar Trigantalpati (Arya Suman) kang wus mitenah piyambake. Trigantalpati dadi cacad ragane, ilang baguse.

Mripake sing maune mblalak, saiki amba sesisih. Tutuke suwek, mewek-mewek, yen guneman dadi kelmak-klemek. Boyoke kiwa pepes merga didengkek, larane mlanjer tekan sikile kiwa, saengga yen mlaku dadi pincang. Ya wiwit iku Trigantalpati banjur sinebut Sengkuni, saka tembung saka uni. Minangka pepeling yen rusake awak Trigantalpati merga saka unine dhewe, saka tutuke sing landhep, sing senengane adu-adu, sing senengane mitenah wong.

Trigantalpati sing wis rusak ragane nuli wadul marang kakange ipe, yaiku Adipati ing Gajahhoya Sang Dhestharata. Adipati Dhestharata mrinani, ora trima adhine ipe diajar Gandamana, banjur manggihi Prabu Padhudewanata ing kadhaton Nestina, dituntun garwane, amarga Adipati Dhestharata iku wuta, ora bisa mriksani padhange jagad. Ada ing ngarsane Prabu Pandhu, Adipati Dhestharata duka-duka. Ora nrimakake Trigantalpati diajar dening Gandamana nganti kang rayi kaipe rusak awake lan ilang baguse.

Prabu Pandhu kaya dibeset pasuryane bareng nampa duka saka ingkang raka. Sanalika mengku duka. Tibaning pamuring marang patihe. Ora perduli Gandamana gedhe lelabuhane marang Negara Ngastina. Gandamana diunekake wong sing ora ngerti tatanan. Ratu Ngastina iku Pandhu dudu Gandamana. Nanging apa sababe Gandamana wis kumawani ngunggahi wewenange Prabu Pandhu? Aja dumeh digdaya, banjur kadigdayane digunakake kanggo sewenang-wenang. Ngajar wong tanpa nganggo petungan, njalari rusaking raga. Yen Ngastina ana wong sing kaya Gandamana ganep papat, mesthi bakal bubrah tatanan Negara Ngasetina. Patih Gandamana banjur ditundhung, ora kena mapan ing bumi Ngastina. Gandamana banjur bali ing negarane, yaiku Negara Pancala.

Wusanane Prabu Pandhu nyarirani pribadi mapagake pangamuke ratu Pringgadani Prabu Tremboko. Kekarone padha digdayane, satemah mati sampyuh. Ratu loro padha gugur ing paprangan.

Sadurunge seda, Prabu Pandhu isih bisa ngendika, nitipake Negara Ngastina marang Adipati Dhestharata. Besuk yen Pandhawa wis diwasa, Negara Ngastina diaturi maringake marang pambayun ing Pandhawa, yaiku Puntadewa. Minangka pituwas olehe wus kersa makili jumeneng ratu ing Ngastina, Prabu Pandhu masrahake separone Negara Ngastina kagem Adipati Dhestharata.

Kasunyatane bareng Adipati Dhestharata jumeneng ratu ing Ngastina, piwelinge Prabu Pandhu mau ora diestokake.

Kang mangkono mau awit kuwating pangesuke rembug Sang Dewi Gendari saha Patih Sengkuni. Mula ora mokal yen Negara Ngastina sabanjure kapasrahake marang Raden Jakapitana (Kurupati), putra pembarepe Prabu Dhestharata. Patih sengkuni tetep dadi patih ing Ngastina, saiki ngembani jumenenge Prabu Kurupati.

Ora lega rasaning ati Patih Sengkuni yen during bisa numpes anak turune Pandhu. Pandhawa dianggep klilip, sing kudu disingkirake saka lumahing bumi. Yen Pandhawa isih urip, suwening suwe mesthi ngusik kamukten ing Ngastina. Sengkuni ora pengin Negara Ngastina didum-dum, dipara-para. Pengine wutuh karegem ing Kurawa. Dadi bisa tutug olehe mukti wibawa.

Kajaba iku, Sengkuni ora bisa nglalekake kedadeyan nalika kadange tuwa sing asmane Prabu Gendara disirnakake dening Pandhu, ing jrone perang tandhing rebutan Dewi Kunthi. Sasedane Prabu Gendara, Dewi Gendari sing dikanthi, dadi kukubane Pandhu, banjur diboyong menyang Ngestina. Tekan Ngestina, Dewi Gendari kakersakake dadi jodho dhaupe Dhestharata sing wuta. Saya ngigit-igit Sengkuni marang Prabu Pandhu, senadyan Prabu Pandhu wus maringi kalungguhan patih ing Ngastina.

Ati sing wis kadhung tatu, njarem ngureng, ora gampang ilange. Apa maneh watake Sengkuni pancen ala, ibarate geni malah kaya kasiram ing lenga. Saya makantar-kantar! Senajan Prabu Pandhu wis ora ana, nanging turune isih ana.

Mula Patih Sengkuni banjur gawe rekadaya, yasa bale utawa palereman ing alas Waranawata. Bale mau sinebut bale Sigala-gala. Pandhawa diulemi supaya teka ing Bale Sigala-gala, Kurawa bakal maringake separoning Negara Ngastina marang Pandhawa.

Tekan Bale Sigala-gala, Pandhawa diajak suka parisuka lan kembul bojana andrawina, nganti Pandhawa padha kepati nendra. Mung Raden Bratasena kang isih melek, nanging ethok-ethok turu kepati. Bratasena tansah waspada. Dheweke tansah eling piwelinge ingkang paman, yaiku Sang Adipati Yamawidura.

Sadurunge budhal menyang Bale Sigala-gala, Bratasena diwanti-wanti dening Adipati Yamawidura supaya tansah prayitna, lan yen ana bebaya, supaya njejak pojoking Bale Sigala-gala iring lor wetan.

Jebul pangandikane Adipati Yamawidura dadi kasunyatan. Jrone Pandhawa kepati nendra, Bale Sigala-gala diobong dening Puroncana, kongkonane Kurawa. Sedhela bae Bale Sigala-gala wus kobar dadi dahana, amarga pancen kayu-kayu sing dienggo gawe Bale Sigala-gala kayu sing gampang dinilat ing geni, lan maneh linapis ing lenga, gandarukem, lan walirang.

Kurawa surak-surak, mesthekake yen Pandhawa bakal tumeka ing pati
[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 22 /Th.XXXVIII)

Tidak ada komentar: