Minggu, 08 Maret 2009

PERMADI NGANGSU KAWRUH


SERI PADMANABA NITIS (4)


(Dening MULYANTARA)

Wus sacandra (sesasi) lawase Raden Permadi ngangsu kawruh ing Pertapan Untarayana, ing pucuke Gunung Dwarawati. Tancep katresnane Sang Begawan Padmanaba marang Raden Permadi, tan prabeda kaya atmajane dhewe. Anggung ginila-gila, digadhang-gadhang murih ing tembe dadi satriya kang migunani tumraping nusa lan bangsa. Pinten-pinten wewangson. Wejangan sngkan paraning dumadi, panjing suruping sukma sadaya wus kaparingake.

“Anakku murid, Ngger Permadi.”
“Nuwun wonten pangandhika ingkang adhawuh, Rama panembahan.”

“Wus sacandra lawase kowe mapan ana ing pucuke Gunung Dwarawati. Rumangsaku kurang papan, turah ingkang takparingake kang awujud kawruh sarta ngelmu ing babagan apa bae. Nanging nitik saka polatanmu sarta solahbawamu, pun rama bisa anyumurubi lamun kowe rumangsa during marem. Apa maneh kang bakal mbokjaluk, Ngger?”

“Inggih, kaluhuran sabdanipun Kanjeng Rama Panembahan. Awit saking kathahing kawruh sarta ngelmu ingkang paduka paringaken dhumateng kawula, ngantos boten kuwawi anggen kula nampeni. Nanging taksih wonten satunggaling bab ingkang badhe kula suwunaken priksa. Samangsa kula ing benjang kasembadan tuwin kalampahan dados satriyaning nagari, kedah rumeksa katentremaning jagad, dedamel menapa ingkang kedah kula angge bebeteng ing sarira tetameng ing diri nkula?”

“Iki ana aji telung prakara kang bakal dakparingake marang kowe. Siji Aji Sepiangin, loro Aji Malayabumi, telu Aji Sempaliputri. Dayane Aji Sepiangin yen wus kokwateg, kebating lakumu tan prabeda kaya kebating angina. Lakumu bisa ngungkuli lakuning barat. Senadyan katempuh angina gedhe, kowe ora bakal bisa dhoyong. Ora bisa mentelung. Agegmu tetep jejeg.”
“Inggih”

“Kang angka loro, dayaning Aji Malayabumi yen wus mbokwateg, kowe bisa ilang sapalungguhan. Kaping telu, dayaning Aji Sempaliputri, kowe bisa manjing ajur ajer. Tumraping petung, kaya wus cukup lamun aji telu mau rumasuk ing sanubari. Mungguh mantrame mankene. Kowe nyaketa pun rama, takwisik mantrame aji telu mau.”

Raden Permadi nyaket ing ngarsane Begawan Padmanaba, banjur diwisik mantrame aji Sepiangin, Aji Malayabumi lan Aji Sempaliputri.

Sapurnane iku, Raden Permadi matur, “Byar padha raosing manah kula sareng nampi kanugrahan peparing paduka ingkang wujud aji tetiga. Mbokmenawi kanthi menika, sampun saged dados sarana anggen kula ngadeg jejeg mandhegani praja.”

“Ya, mung welingku, senadyan kowe sugih ngelmu, aja pisan-pisan kowe gumedhe. Luwih becik nirua patrape wit pari. Pari kae saya mentes isine saya ndhingkluk. Senadyan kowe pinter, aja kokketokake kepinteranmu. Senadyan kowe digdaya, aja kokpamerake kadigdayanmu.”
“Inggih”.

“Sabanjure, ing tembe kowe bakal dadi satriyaning praja. Kowe bakal ngadhepi wong pirang-pirang. Wong pirang-pirang mau ana sing bodho, ana sing pinter, ana sing sugih, nanging uga ana sing miskin. Kowe ngadhepi pepadhaning urip ora kena pilih-pilih. Aja mung satriya drajading ngaluhur, trahing ngawirya, trahing kusuma rembesing madu pinasthika kang kokcedhaki. Ana paribasan kadang konang, kang kokanggep sedulur mung wong sing moncer-moncer, wong sing sugih-sugih. Iku ora prayoga. Minangka jejering satriya panutan, kowe kudu sumrambah, kudu asih tresna marang sapadha-padhaning dumadi lan ora pilih-pilih. Awit yen kowe bisa ndarbeni watak asih tresna, sayekti bakal ditresnani dening wong saindhenging jagad.”
“Inggih”

“Kang pungkasan, kowe dumadi ana ing madyapada iki ana kang nitahake, yaiku Gusti Kang Akarya Jagad. Mula kowe kudu percaya marang panguwasane Gusti Kang Akarya Jagad. Lamun kowe percaya marang panguwasane Gusti Kang Akarya Jagad, sayekti kadunungan rasa welas asih marang sapadha-padhaning dumadi, lan wedi tumindak dosa, amarga kuwatir yen nampa bebenduning Gusti. Yen titah lumrah bisa diapusi, nanging yen Gusti Kang Akarya Jagad kang sipat wicaksana, iku ora bakal bisa digorohi.”
“Inggih”

“Dina iki wis ora ana sing takparingake maneh. Kaya taktundung, ngelmu sing wis kokduweni, prayoga pigunakna kanggo tetulung sapadha-padha. Sapungkurmu saka Pertapan Untarayana, sadungkapan maneh kowe bakal ketemu calon jodhomu ingkang bakal kokkanthi bebrayan nganti besuk run-tumurun.”

“Menapa ing dinten punika sampun kalilan kula madal pasilan, nyuwun pamit?”
“Iya, Ngger. Takbalang puja mantra, hayu-hayu lakumu ing dedalan, nir ing sambekala.“ Sawise sumungkem ing pepadane Begawan Padmanaba, Raden Permadi banjur ninggalake Pertapan Untarayana.

Samadya warsa (setengah taun) sawise Raden Permadi oncat saka Pertapan Untarayana, kasusul suwitane satriya ing Widarakandhang Raden Narayana miwah Sang Udawa.

Sinigeg kang ana ing Pertapan Untarayana. Ganti kacarita kang ana ing Kedathon Mandura.

Dina Respati Manis, nata agung ing Mandura Prabu Basudewa ngadani pisowanan agung ing sitihinggil binaturata. Diadhep ingkang rayi, satriya ing Kumbina, kekasih Raden Aryaprabu Rukma. Raden Aryaprabu mengkerake pisowane warangka nata ing Mandura, Rang Rekyana Patih Saragupita. Patih Saragupita mengkeraken pisowane sanggya para kadang sentana. Sinambung pisowane para mantra, bupati, nayakaning praja, lan para wadyabala.

Andher sowane wadyabala, mblabar tekan pangurakan pindha samodra tanpa tepi. Pisowane wadya kang mangaler, mepet tekan pengurakan. Mangilen tekan wantilan, mangetan tekan monggangan, kaya ndhoyong-ndoyongna pacak suji kayu areng. Sami ngagem busana maneka warna, katon saka kadohan kaya anjrahing puspita.

“Kadange pun kakang, Yayi Aryaprabu Rukma.”
“Nuwun wonten pangandikan ingkang adhawuh, Kanjeng Kaka Prabu.”
“Mula jeneng para adoh dakcedhakake, cedhak saya dakraketake, kang dhadekake telenging penggalih pun kakang, kaya dene tumamaning suduk gunting tatu loro..”


[Ana candhake]

(Sumber : DL No. 25 / Th. XXXVIII)

1 komentar:

mbelgedez mengatakan...

.
Abot men ya, moco boso Jowo....:roll: