Rabu, 17 September 2008

SUDAGAR MARUTO

Sawijining wektu ana sudagar sugih sing duwe bojo papat. Sudagar iku asmane Pak Maruto. Bojone papat iku kabeh ayu-ayu tur katon tresna banget marang dheweke. Enake duwe bojo papat, saben duwe kesempatan pesta utawa kawiwahan bisa ngajak bojo papat kuwi genti genten. Dina-dinane Sang Sudagar kebak kabagyan nganti sawijining wektu dheweke nandang raga. Lelarane Sang Sudagar sajak mbebayani ngancam jiwane. Saiki dheweke mung bisa turu ngathang-athang ana dhuwur dhipan. Ing kahanan kang kaya kuwi sing ana pikirane Sang Sudagar mung siji. Upama dheweke tumekeng janji, apa ana salah siji saka bojone iku sing gelem ngancani mati?
Sepisanan, Sudagar Maruto nari bojo angka papat jenenge Nancy. Bocahe ayu lencir kuning tur umure isih selikur taun. Rambute potong pendhek tampilane kenes. “Bocah ayu, apa gelem kowe ngancani aku ing alam kubur upama dina iki malaikat nyabut nyawaku?” pitakone Sudagar Maruto kanthi suwara groyok.
“Nehi ! Nehi ! No way!” wangsulane Nancy karo mlengos. Lagake nganyelake kaya kurang sajen.
Sudagar Maruto kelara-lara atine. Ing atase nalika waras gelem diajak mrana-mrene. Digandheng ngancani blanja ana mall, jajan ana restaurant Mc Donald, ora tau nulak. Eh saiki sawise nandhang lara kok malah mlengos. Sudagar Maruto terus nari bojo angka telu sing jenenge Moneyta Artaningtyas. Asring dijeluk kanthi sebutan Monik. Bojo angka telu iki ora kalah ayu yen dibandhing karo Nancy. Kulite putih resik, rambute lembut ngrembyak sepundhak. Umure pitulikur taun. Dhasar ulate manis nengsemake.
“Monik sayangku, yen dina iki aku wus tumeka janji, apa sliramu gelem ngancani aku bali ing alam kalanggengan?” pitakone Sudagar Maruto kanthi memelas.
“Sorry, Kangmas. Kepeksa aku ora bisa ngancani panjenengan. Umurku isih enom. Isih dawa jangkahku. Yen panjenengan tumeka janji, kepeksa aku nyambung urip bebrayan karo priya liya. Eman-eman yen aku kudu mati saiki,” wangsulane Monik.
Sudagar Maruto ngelus dhadha. Ora nyana yen tresnane Monik ora tulus ing ati. Layak jenenge Moneyta Artaningtyas. Money wis ngarani dhuwit. Arta iya dhuwit. Dadi Kenya kaya Monik kuwi sing ana ing panganen-angene mung dhuwit lan dhuwit. Ora ana liyane maneh. Ning kepiye maneh, kabeh wis dadi garising pesthi.
Sateruse Sudagar Maruto pengin ngajak bojo angka loro sing jenenge Setya Asih. Ayune sedheng. Umure telung puluh lima taun.
“Asih, aku pengin ngerti sepira gedhene katresnamu marang aku,” kandhane Juragan Maruto.
“Tresna kula dhateng panjenengan kalangkung ageng, Kangmas,” wangsulane Jeng Asih.
“Yen ngono apa sliramu gelem ngancani aku bali ing alam kubur dina iki?”
“Dhuh Kangmas, nadyan ageng tresna kula dhateng panjenengan, kepeksa kula namung saged nguntapaken dumugi pasarean. Sasampunipun kula badhe wangsul nglajengaken kewajiban kula gesang.”
Adhuh! Kaya ngono kuwi padha wae kowe iya ora tresna marang aku. Yen nyata tresna mesthine sabaya mukti sabaya mati,” panggresulane Sudagar Maruto karo netesake eluh.
Nalika iku teka bojone Sudagar Maruto sing sepisan jenenge Sri Prihatin. Umure wis seketan taun mung kacek sithik karo umure Sudagar Maruto. Awake wis katon kuru, kulite kisut njengkerut, ketara yen kurang kopen. Pancen sawise duwe bojo telu sing isih enom tur ayu-ayu kuwi, Sudagar Maruto wis arang ngopeni bojone sing paling tuwa.
“Bapake, tanpa panjenengan jaluk, kula teka. Aku bakal ngancani panjenengan wiwit donya tekan delahan. Upama dina iki panjenengan kudu murud ing kasedan jati, aku tetep melu ngancani,” prasetyane Sri Prihatin tanpa ditembung Sudagar Maruto.

Para maos, crita Sudagar Maruto ing dhuwur satemene mung kanggo ilustrasi wae. Kabeh wong urip iku duwe bojo cacahe papat. Bojo paling enom sing banget kita tresnani, saben dina diemi-emi, tansah dielus-elus, diedusi, diwenehi wedhak lan minyak wangi. Bojo angka papat iku (Nancy) ora liya badan kita sakojur. Nadyan badan kita iku banget kita tresnani, sawijining wektu mesthi bakal kita tinggalake. Ngibarate kurungan manuk, yen sing ngenggoni wis oncat mula kandhange kari wadhah kosong mula disebut badan wadhag.
Bojo angka telu (Monik) asring kita ajak lelungan. Dheweke uga ngancani aktivitas padinan, kadhang bisa dipamerake liyan. Bojo angka loro iki ora liya bandha donya, dhuwit, emas, berlian, mobil, drajat, pangkat, jabatan samubarange. Kayangapa tresna kita marang bojo angka loro iki sajiwining wektu bakal kawin karo wong liya. Yen bandha lan pangkat kita tinggalake wis mesthi dadi rebutane wong akeh. Sedhenge warisan sing kita tinggalake kanggo anak putu uga pada dienggo rebutan lan regejegan nganti urusane dawa tekan pengadilan.
Bojo angka loro (Setya Asih) isih lumayan tulus kasetyane amarga gelem ngeterake tekan kuburan yen awake dhewe mati. Bojo angka loro iki ora liya kanca, sedulur, anak bojo sing kita duweni. Nanging kaya ngapa tresna kulawarga, sanak famili sawijining wektu tetep uga bakal pepisahan. Beja yen duwe anak sing sholeh sing gelem ndongakake marang wong tuwane. Lha yen anake kuwi bocah duraka, apa ora mbilaheni lan nambahi susahe ati. Mula katresnan marang anak, bojo, famili, lan kanca iku uga ana watese.
Sing angka siji (Sri Prihatin) bojo sing banget tresna marang kita. Bojo angka siji iku ora liya jiwa kita pribadi. Ya jiwa iki kang ngancani urip ing donya tekan delahan. Emane asring kita lali ora ngopeni jiwa kita. Nalika rodhaning urip mlaku kanthi banter selak mburu kuncaraning urip ing alam donya kita lali menehi santapan rohani. Kita asring kegawa marang ombyaking urip donya kang kebak hingar binger. Mula jiwa kita iku asring dadi gering, kuru aking mentandhani yen kurang kopen. Ing kamangka ya jiwa kita iku kang pantes kita persudi saben ari.
Piye carane ngopeni jiwa lan rohani kita? Lewat nindakake piwulang agama kang kita anut, ngamal kanggo bebrayan agung. Ngibadah kang sregep manut tuntunan kang bener, Nresnani sapadha-padha ngaurip.
Pungkasan atur, mangga kita tansah mbudidaya marsudi jiwa lan rohani ing urip padinan. Eman-eman yen urip sing mung sedhela iku dinentekake kanggo ngupadi variable kadonyan sing ora langgeng. Wusana mangga kula dherekaken.

(Dening :Sudadi / DL no. 32 taun XXXVII)

2 komentar:

Anonim mengatakan...

Lha kok ono Nancy, nang kene...???

:D

Jegagik mengatakan...

Nancy ana kene jarikan, ora kaya Nancy jaman moreden nganggo Teng Top :)